Jumat, 30 Januari 2015

Update status facebook jawa terbaru februari 2015

Neng ngendi ngendi foto narsis. Ujarku lah raine tah ajeg bae.

Plun, koe weruh tongsisku? | Apa sih? | Tongsis tongkat nggo foto narsis | Oalah, tek kira pring nggo met pelem. Tek buang kalen mau | ...

Sing sering nikung pacare wong kudune di hukum berat. Kena pasal penghilangan jodoh secara paksa.

LDR kuwe ya kaya pacaran karo medi, langka wujude.

Akeh akun sing foto avatare wadon ayu, tukang mrentah kon follow akun. Paling foto copas neng google, asline lanang.

kabeh tugas kuwe gampang, nek ora usah di garap.

Hawane panas pisan.. Rasane kaya krungu kabar mantan mbojo.. *nyemplung kedung*

Siki tanggal enom. Deneng raine tetep tua?!

Ngakune wong sugih gayane selangit, krungu BBM arep mundak bae kapicirit.

Untung becake nyong bahan bakare sega sepiring, dadi ora kudu ngantri BBM. #kalem

Bahagia kuwe udu merga akeh sing dewek olih, tapi akeh sing dewek aweh.

Tresna kuwe kudu di ungkapna. Nek di pendem kuwe jenenge kucing mati.

Dadi nek cah wadon diet kuwe merga lagi naksir wong. Bareng di kecewakna, diet e mandeg, mangane akeh maning. #okesip

Kumbahan teles di peme ben garing, tresnane ora di bales ya golet liane maning. Sugeng enjing..

Dina kiye bakal ana pengumuman pemenang Pilpres. Trus pengumuman pemenang atimu kapan?? #eaaa *nguntal mendoan*

Kamu kenapa? | Ndase saya mumet | Sudah nguntal obat belum? | Nggak kolu kalo nginum obat.. | Kalo gitu jeblesna saja ndasnya. #IndoNgapak

OTW : Ora Tau Waras.

Larane kuwe neng kene... *nunjuk dompet*

Jomblo kuwe merdeka, bebas. Lepas sekang jajahan pacar.

Kuwe pacar apa sendal jepit? Deneng gampang di colong wong?!

Malem minggu kuwe ora penting duwe pacar apa ora. Sing penting kuwe bahagia.

Jomblo kuwe mung urung ana sing cocok bae. (waca : urung ana sing gelem dadi pacare).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar